Laporan Statistik Wulan Juli
Umure blog iki wis udakara 3 wulan, kaetung saka nggonku tuku hosting ing wulan April akhir, lajeng programming, 5 Mei launching. Dadi itungane saka 5 mei. Sepisanan online, blog iki duwe alexa ranking ana ing urutan 24 yuto, akeh. Nanging saben sasine, saya suda, mudun dadi 11 yuto, 7 yuto, 4 yuto, 2 yuto, lan saiki alexa ranking wis nunjukkake ongko 1.188 yuto. Setitik mbaka setitik bakal maju, pengine tekan angka sakngisore 100.000. Amin.
Aku ya gumun, kok isa nyusul blog forum purworejo, sing artikel, traffic, referer, lan umure luwih akeh, saiki lagi ana ing urutan 1.473 yuto.
Nanging yen tak teliti ana ing google webmaster pancen angkane pengunjung lan crawling spider web saya dhuwur, ning sing ndadekna gumun, keterangan ana ing "googlebot last succesfully accessed" tetep ora owah, tanggal 15 april.
Kamongko blog iki lumayan cepet ke-index, itungan jam wis ke-index ing google, uga ing yahoo wis akeh kang keindex. Sing ndadekno gumun, MSN, mesin pencari-ne microsoft malah ora ana sing keindex. Padahal liveserarch msn iku kasusun nganggo aspnet, nanging aneh,blog lan website-ku kang nganggo asp malah ora ke-index, bedo karo google sing apikan karo blog-ku iki, cepet ngindex.
Nanging ana peringatan, kanggo para blogger, postingan blog iki sing nganggo judul sing ana hubungane karo pay per post, paid to review ora keindex blas, yen ke-index yo ora isa nomer siji, senajan sing tak tulis kata kuncine persis judule.
Iki statistik blog, sumedi.net
- google PR: tetep isih 0 (mugo-mugo agustus ono owah-owahan)
- alexa ranking: 1.118.000
- halaman sing ke-index: isih 34 (durung akeh perubahan)
- page view: 1500-an (index), 2200 (detil)
- kata kunci sing ono halaman siji SERP Google: pengalaman adbrite, pengalaman adsense, jualan link, sumedi blog, mengenal paypal, mencoba technorati, dll.
Terus sinau, sinau SEO, sinau nulis, sinau pemrograman. ASP lan the next generation of programming: aspnet. Sithik-sithik yo uga sinau PHP, senajan angel lan ketetheran. Lha piye, komputer windows server mbuh salah setting apa piye, PHP-ne ana sing error, arep ngubah settingan kuatir nek nganggu proyek liyane. Arep tuku komputer khusus kanggo PHP durung ana angggaran.
Yo wis lah. ASP wae disinau. Ben PHP wis akeh sing nggarap, para pendekar open source. Muga-muga bisa ndadekna Indonesia negara sing mandiri ing babagan IT. Ndadekna ekonomi kreatif dadi sumber devisa negara.
Nyuwun pangapunten dumateng para blogger senior, menawi kathah kesalahan ana ing nulis nganggo basa jawa iki, mboten maksud kula chauvinisme, nanging kanggo nguri-uri basa ibu. Mohon maaf bagi blogger yang bukan pemakai bahasa jawa, bukan maksud menonjolkan kesukuan, tapi sebagai selingan, pengingat akan tanah leluhur, pengingat akan bahasa ibu saya.
posted on:7/23/2008 12:18:48 AM | by: meds | under: diary |
( 0 ) Komentar

